Bocah IPA
vs Bocah IPS

ing kene aku bakal bahas ngenani masalah sing wis umum ngenani jurusan sekolah ing SMA, jurusan e yaiku IPA lan IPS..aku isih bingung karo pandangane
wong-wong ngenani arek sing ana ing jurusan ips, ana sing ngomong jurusan ips
iku jurusan e arek nakal-nakal, nanging lak jurusan ipa iku arek e pinter-pinter
lan bakale dadi wong sukses, terus ngenani yeng gurune mulang arek IPA ing kelas iku bocahe penak, manut
mesti nggatek lak diwulang, lha anggite arek ips ora nggatek ??
Contoh e ngene iki.
Guru :
“Cah tugase wingi wis mari apa urung?”
Murid
IPA : “Sampun buuuu...”
Guru :
“Benere ngunu kuwi yen dikeki tugas langsung digarap. Yo wis saiki dibuka bukune materi
... “
Murid
IPA : “Nggeh bu.” (banjur murid
pada nggatek)
Sawise iku gurune mlebu ing kelase arek ips.
Guru
: “ cah tugase wingi sampun rampung apa urung ?, terus iki kok nilaine pada
elek,elek apa
saurunge ulangan ora sinau ?.”
Murid
IPS : “ dereng bu, wonten
ingkang mboten saget “.
Guru : “ oalah cah cah, kayak
cah ipa kae lo, masio uduk pelajaran penting e
nanging bijine
ya apik apik nandakake lak diwulang iku pada nggatek”.
Anggite lo Ya pancen kadang ,
nanging arek ips ya ora kayak ngunu iku, arek ips iku menurutku ya duwe cara
dewe anggone sinau lan mangerteni pelajarane, amarga pelajarane iku rata rata
butuh apalan, lha dikira gampang apa, arek ipa amung ngapalne rumus ya meskiya
menurutku angel, lha arek ips, ngapalne sejarah e perang dunia lah perang iki
lah iku lah, tokoh e sapa ae lah, ngunuwi gampang ?, ditambah ana pelajaran
akuntansi iku ya luwih angel saka pelajarane arek ipa, ngitung pajak e negara, kaya ndata nanging nyapo kok kadang
ana guru iku mesti madakne arek ipa karo ips. Padahal jelas jelas jurusan e ae
beda, nyatane saiki akeh arek ips sing bisa sukses, meskiya wayah sekolah biyen
nduweni sifat ala, nyatane meskiya arek
ipa dadi dokter nanging arek ips sing duwe rumah sakit, lan nyatane arek ips
uga bisa dadi pemimpin negara .. nanging tetap yen pemimpin negara loro ya
tetap dokter sing ngobati.
Iki amung guyonan, aja dilebokne ati..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar