Rabu, 24 Agustus 2016

CERKAK BAHASA JAWA



                    RASA TRESNA JALARAN SAKA KULINO



Ana ing sawijining desa kang kasebut desa Maharani, desa sing paling mewah lan penduduk e pada ayu lan bagus, wadon e pinter sak sembarange wiwit masak nganti bisa ngurus awake dhewe, amarga iku dheweke pada duweni rupa ayu lan resikan , nanging ana desa iki pendidikane kurang amarga adoh saka sekolahan,  amung nganti tingkat sma  sekolah sing ana ing desa iki  . Ana salah sawijining wadon iku mau yaiku jenenge sekar, Sekar iku wadon sing paling ayu ing desa iki, amarga iku akeh bocah lanang  sing kepincut marang dheweke, nanging sekar ora nate nanggepi rayuane bocah-bocah lanang iku mau, dhewek e duwe kekarepan yen dheweke iku mbesuk bisa rabi karo wong lanang saka kutha. Nanging dasar jenenge wong lanang yen duwe kekarepan kudu bisa ngentukake apa kang dadi kekarepane. Panji dheweke duweni rupa kang bagus lan uga deweke anake kepala desa ing kene, Panji wis suwi yen tresna marang sekar, nanging usaha ne panji kanggo ngentukake tresna saka sekar ora tau berhasil, dheweke mesti golek cara supaya sekar bisa dadi pacare.
sekar sing  jik tas lulus saka SMA lan pengin nerusake  ana ing kutha supaya bisa kuliah langsung matur marang bapa-biyunge.
“bapa lan biyung , sekar badhe nyuwun waktune panjenengan sekedhap “. Pituture sekar
“ ana apa ta ndok, kok gak biasane omonganmu iki, apa enek sing ape kog sampek ne marang bapa biyung mu iki ?. wangsulane biyung
“lha iya , ngomong o  wae ta ndok “. wangsulane bapa e.
“ngeten lo pa biyung, sekar niki sampun lulus saking SMA , lha sekar gadah kepinginan yen sekar niki pengin nglanjutake sekolah ana ing kutha “.
“oalah, lha terus apa sing mok karepake saka bapa biyung mu iki ndok .” kandhane bapa
“sekar amung nyuwun restune bapa lan biyung supaya  sekar saget kuliah.”
“ngene lo nduk, saiki sekolah iku ora murah, apa maneh panggonane iku adoh saka omah, bapa mu iki amung kerja, ya amu iroh dewe, terus biaya ne kui teka ngendi to nduk?.” Kandhane bapa e sekar
“wis to nduk ndek kene ae, gak usah duwur duwur anggonmu sekolah, wong wadon iku tugase yen wis rabi ya amung ngurus keluargane”. Sahut biyung e.
“nanging biyung, sekar niku pingin supaya sekar niku bisa ndadekake desa niki desa ingkang pinter pinter wargane luwih luwih damel wong wadon e, ora amung saget masak lan solek mawon.”
“ yawis , tak usahakne, supaya  sampean iki, bisa  kuliah ing kutha, nanging ileng pesen e bapa yen ana ing kutha kudu ati-ati lan kudu bisa jaga awak e ya nduk.”
“enggeh pak, matur nuwun nggeh pak, sekar janji yen sekar bisa njaga awake sekar.”
                Sawise iku sekar langsung pamitan marang tangga tangga ne. wara wara  yen sekar arep menyang kutha wis kasebar ing desa iku. Panji sing krungu sing sekar arep menyang kutha gage wae nyusun rencana kanggo mbatalake rencanane sekar budhal ing kutha.
                Wayah ana ing terminal, panji  nganggo klambi ireng brukut lan ing sirah e diwehi topeng kanggo nutupi wajah e.  Dhewek e memba memba  dadi rampok, supaya sekar  wedi lan ora bakal menyang kutha, ananging wayah dewek e arep njupuk tase Sekar, Sekar njerit lan bebarengan karo iku akeh wong pada mlayu menyang sekar, Panji sing weruh iku, langsung mlayu supaya ora digebuk I wong akeh, pancen dina apes e panji iki mau, nalika deweke mlayu menyang arah etan, dhewek e dicegat karo wong sing ko etan, banjur digebuk I lan langsung digawa menyang kantor satpam ing terminal kui. Amarga bis sing ditumpak I sekar wis ape budhal, sekar ora bisa ndelok wajah sing wis arep ngrampok tas e kui mau. Ana ing kantor satpam , pak satpam sing jaga  mau langsung mbukak topeng sing di enggo panji, pak satpam kui mau ora asing karo wajah e Panji, dhewek e ngileng-ileng , banjur dewek e kaget amarga wong sing arep ngrampok tas e sekar kui, anak e pak kades ing desa iki.
“loohh, mas Panji ??, looh niki sampean napa mboten to ?.”. Pitakone  pak satpam.
“ nggeh pak Amir, niki kulo  Panji”. Wangsulane Panji
“ oalah mas mas, sampean niki ana-ana wae, napa sampean niki kirangan duit napa piye to mas, kog  sampean dadi rampok ngoten niki, kepripun mengke lak pak kades sumerep mas ?.” wangsulane pak amir
“kulo nyuwun tulung nggeh marang pak amir, supaya mboten cerita menyang bapa, kulo ngoten niki amargi kulo kapingin sekar mboten menyang kutha pak “.
“oalah, masalah tresna  to iki mau mas , beres lak ngoten niku, ngene mas, aku due saran kanggo sampean, yen sampean tenanan sayang karo sekar, ya sampean uber to masio menyang kutha, ora kaya ngene carane”. Nasehate pak Amir marang Panji
“percuma ngoten niku pak, wong sekar niku mboten seneng kaliyan kulo, Sekar niku kepingin golek wong kutha pak, napa maneh kulo niki amung berandalan desa ingkang ala kelakuane “.
“lha justru ngoten niku, sampean kudu ngrubah sikap e sampean , supaya sampean bisa ngentok ake mbak sekar mas, wis to percaya wae kalih sing wis pengalaman.”
“nggeh pak, matur nuwun, kulo wangsul riyen nggeh pak, badhe siap siap”.
“nggeh mas, ati-ati “.
                Banjur Panji muleh menyang omah lan dhewek e ngomong menyang wong tuane yen dhewek e ga pingin kuliah ing kutha kayak sekar, bapa ibu ne panji seneng ora karuan amarga anak semata wayang e iku gelem kuliah.
Ana ing kutha sing adoh saka desa iku mau, sekar nggolek kos- kosan kanggo dewek e turu, dewek e golek kos-kosan sing cedek karo panggonane kuliah. Sawetara iku panji uga lagi bingung arep ngekos ana ngendi, dhewek e mlaku miturut dalan lan dewek e nemu panggonan sing ana tulisane kost kostan putra. Banjur dhewek e mlebu lan dhewek e nge kost ing kunu, alhamdulilah  ekost-kost ane iku cedek karo panggonan kuliah.

                Dina kapisan mlebu kuliah, Sekar kebingungan amarga ora ana sing dikenal ing kene, dhewek e riwa-riwi nggolek I kelas e, banjur dheweke ketemu arek  lanang sing ana ing kunu, arek lanang iku mau sakjane duweni sifat ala, nanging amarga dhewek e weruh yen sekar wi mau saka kampung dewek e banjur duweni rencana sing ala.
“haloo mbak, ana sing bisa  tak bantu mbak, kog sajak e sampeyan iki kebingungan  “.
“ ouwh enggeh mas, niki lo kula mboten sumerep kelas bahasa niku pundi nggeh mas”.
“ayoo, tak terne mbak, menyang kelas e sampeyan”.
“ouw nggeh mas, namine panjenengan sinten nggeh mas, kog panjenengan apik banget kalih kulo”.
“oalah jenengku rendi , wis gak usah nyeluk mas, kan awakdhewe sak umuran “. Banjur arek loro kui mau nutukak e omongane sinambi mlaku .
Ana ing adohan Panji weruh sekar lan arek lanang kui mau, banjur dhewek e nututi ana ing mburine. Lan deweke duwe firasat yen arek lanang kui mau nduwe niat ala menyang  sekar.
Ana ing dalanan sing sepi, ana omah sing wis ora layak kanggo dipanggoni, nanging sekar lan rendi kui mau malah mlebu menyang kunu, sekar sing ngrasa yen iki uduk panggonan kuliah e dek e banjur takok menyang rendi.
“rendi, niki apa dalan menyang kelasku ta, kok dalanan sepi lan adewe kog malah mlebu menyang omah iki.” Pitakone sekar marang rendi
“wis to sekar, awakmu tenang wae, ana aku awakmu bakal aman, wis ayo melu aku mlebu”.
“moh ah, aku wedi, aku wedi yen aku melu mlebu rono, aku tak balik ae ya.”
Rendi sing ngrti sekar wis iroh banjur meksa sekar, nanging sekar njerit njerit lan nyuwun tulung.
“tulung , tulung, tulung aku, sapa wae sing ana ing kunu tulung aku.”
Banjur panji mara lan langsung nonyo wajah e rendi, dhewek e ngajar entek-entekan nganti bibire rendi metu getih e, rendi sing ngrasa yen dewek e ora bakal bisa nandingi panji, langsung mlayu kepontang panting ing dalan.
Sekar sing wis ngrasa yen dewek e dislametake karo panji , banjur nyuwun ngapura
“ matur nuwun ya panji, awakmu wis tetap apik karo aku, meskiya aku wis nolak awakmu, aku nyuwun ngapuro yen aku wis nolak awakmu, padahal awakmu kui sebenere bocah e apik an.” Ujare  sekar
“wis to sekar, nyantai wae, aku ora apa kog, iso nylametne awakmu wae aku wis seneng , masio uripku kanggo gantine, aku ora apa, yaw is ayo balik ne kampus, mengko telat “.
“ayo nji”.
Sawise ana kedaden iku akhire panji lan sekar maleh akrab, panji uga sifate berubah amarga sekar iso nyadarake dewek e.  sekar lan panji maleh budhal bareng yen nang kampus, yen metu mubeng-mubeng uga cah loro, lan akeh wong sing ngira yen cah loro kui pada pacaran. Nanging kenyataane urung.
                Sawise liburan teko, banjur cah loro kui mau muleh menyang desane , arek loro kui mau wis kangen marang keluargane dewe-dewe. Ana ing desane kanca-kancane panji bingung amarga panji wis raket karo sekar, kanca-kancane ngira yen panji iku wis pacaran karo sekar.
“haiii kanca-kanca apa kabare, aku kangen rek mbe kowe kowe kabeh.” Omongane panji marang kanca kancane
“apik nji, peh kowe wis iso nggandeng cewek ayu ing desa iki nji, nganggo pelet apa koe ?.. hahaha “. Guyonane salah siji kancane
“wiihh ngenyek aku ya kowe iku, aku atrah iso nyandhing , nanging aku rung iso ngepek boss”.
“looh lha lhapo , urung kok tembak ta, wah wah ndang ngalio ae awakmu kar, ketimbang digawe dulinan panji, mending awakmu mbe aku ae “.
Sekar banjur ngguyu cekikian, lan panji uga ngomong
“aku bakal nembak sekar ana ngarepe kowe kabeh”.
“sekar, aku wis suwi seneng karo awakmu, wiwit awakdhewe sma nganti kuliah, aku tetap seneng karo awakmu, apa awakmu gelem nrima aku dadi pacarmu kar ?.
Sekar kaget uga isin amarga akeh kanca-kancane panji.
“wis to kar, gak usah kakean mikir, trimaen ae”. Kanca kancane pada kandha
“aku ora seneng karo awakmu nji, aku gak seneng ndelok sikapmu nang aku biyen, aku gak ngerti napa kog awakmu ngunu menyang aku nanging..”
“nanging apa kar, aku janji aku akal berubah luwih apik maneh, kanggo awakmu kar “
“aku urung mari ngomong nji, nanging aku seneng karo awakmu nji..”.
Banjur cah loro iku pada rangkulan lan pada ngrasa yen arek loro iku jodoh..
Akhire cah loro iku balik menyang kutha kanggo nutukake kuliah e lan cah loro iku saiki wis resmi pacaran…
Ikulah sing jenenge perasaan ora bakal ngerti kepiye akhire.
                                                                                       
                                                                                                 KARYA : SULIS SETYOWATI
                                                                                                                    

Tidak ada komentar:

Posting Komentar