RASA
TRESNA JALARAN SAKA KULINO
Ana ing sawijining desa kang kasebut
desa Maharani, desa sing paling mewah lan penduduk e pada ayu lan bagus, wadon
e pinter sak sembarange wiwit masak nganti bisa ngurus awake dhewe, amarga iku
dheweke pada duweni rupa ayu lan resikan , nanging ana desa iki pendidikane
kurang amarga adoh saka sekolahan, amung
nganti tingkat sma sekolah sing ana ing
desa iki . Ana salah sawijining wadon
iku mau yaiku jenenge sekar, Sekar iku wadon sing paling ayu ing desa iki,
amarga iku akeh bocah lanang sing
kepincut marang dheweke, nanging sekar ora nate nanggepi rayuane bocah-bocah
lanang iku mau, dhewek e duwe kekarepan yen dheweke iku mbesuk bisa rabi karo
wong lanang saka kutha. Nanging dasar jenenge wong lanang yen duwe kekarepan
kudu bisa ngentukake apa kang dadi kekarepane. Panji dheweke duweni rupa kang
bagus lan uga deweke anake kepala desa ing kene, Panji wis suwi yen tresna
marang sekar, nanging usaha ne panji kanggo ngentukake tresna saka sekar ora
tau berhasil, dheweke mesti golek cara supaya sekar bisa dadi pacare.
sekar sing jik tas lulus saka SMA lan pengin nerusake ana ing kutha supaya bisa kuliah langsung
matur marang bapa-biyunge.
“bapa lan biyung , sekar badhe nyuwun
waktune panjenengan sekedhap “. Pituture sekar
“ ana apa ta ndok, kok gak biasane
omonganmu iki, apa enek sing ape kog sampek ne marang bapa biyung mu iki ?.
wangsulane biyung
“lha iya , ngomong o wae ta ndok “. wangsulane bapa e.
“ngeten lo pa biyung, sekar niki sampun
lulus saking SMA , lha sekar gadah kepinginan yen sekar niki pengin nglanjutake
sekolah ana ing kutha “.
“oalah, lha terus apa sing mok karepake
saka bapa biyung mu iki ndok .” kandhane bapa
“sekar amung nyuwun restune bapa lan
biyung supaya sekar saget kuliah.”
“ngene lo nduk, saiki sekolah iku ora
murah, apa maneh panggonane iku adoh saka omah, bapa mu iki amung kerja, ya amu
iroh dewe, terus biaya ne kui teka ngendi to nduk?.” Kandhane bapa e sekar
“wis to nduk ndek kene ae, gak usah
duwur duwur anggonmu sekolah, wong wadon iku tugase yen wis rabi ya amung
ngurus keluargane”. Sahut biyung e.
“nanging biyung, sekar niku pingin
supaya sekar niku bisa ndadekake desa niki desa ingkang pinter pinter wargane
luwih luwih damel wong wadon e, ora amung saget masak lan solek mawon.”
“ yawis , tak usahakne, supaya sampean iki, bisa kuliah ing kutha, nanging ileng pesen e bapa
yen ana ing kutha kudu ati-ati lan kudu bisa jaga awak e ya nduk.”
“enggeh pak, matur nuwun nggeh pak,
sekar janji yen sekar bisa njaga awake sekar.”
Sawise
iku sekar langsung pamitan marang tangga tangga ne. wara wara yen sekar arep menyang kutha wis kasebar ing
desa iku. Panji sing krungu sing sekar arep menyang kutha gage wae nyusun
rencana kanggo mbatalake rencanane sekar budhal ing kutha.
Wayah
ana ing terminal, panji nganggo klambi
ireng brukut lan ing sirah e diwehi topeng kanggo nutupi wajah e. Dhewek e memba memba dadi rampok, supaya sekar wedi lan ora bakal menyang kutha, ananging
wayah dewek e arep njupuk tase Sekar, Sekar njerit lan bebarengan karo iku akeh
wong pada mlayu menyang sekar, Panji sing weruh iku, langsung mlayu supaya ora
digebuk I wong akeh, pancen dina apes e panji iki mau, nalika deweke mlayu
menyang arah etan, dhewek e dicegat karo wong sing ko etan, banjur digebuk I
lan langsung digawa menyang kantor satpam ing terminal kui. Amarga bis sing
ditumpak I sekar wis ape budhal, sekar ora bisa ndelok wajah sing wis arep
ngrampok tas e kui mau. Ana ing kantor satpam , pak satpam sing jaga mau langsung mbukak topeng sing di enggo
panji, pak satpam kui mau ora asing karo wajah e Panji, dhewek e ngileng-ileng
, banjur dewek e kaget amarga wong sing arep ngrampok tas e sekar kui, anak e
pak kades ing desa iki.
“loohh, mas Panji ??, looh niki sampean
napa mboten to ?.”. Pitakone pak satpam.
“ nggeh pak Amir, niki kulo Panji”. Wangsulane Panji
“ oalah mas mas, sampean niki ana-ana
wae, napa sampean niki kirangan duit napa piye to mas, kog sampean dadi rampok ngoten niki, kepripun
mengke lak pak kades sumerep mas ?.” wangsulane pak amir
“kulo nyuwun tulung nggeh marang pak
amir, supaya mboten cerita menyang bapa, kulo ngoten niki amargi kulo kapingin
sekar mboten menyang kutha pak “.
“oalah, masalah tresna to iki mau mas , beres lak ngoten niku, ngene
mas, aku due saran kanggo sampean, yen sampean tenanan sayang karo sekar, ya
sampean uber to masio menyang kutha, ora kaya ngene carane”. Nasehate pak Amir
marang Panji
“percuma ngoten niku pak, wong sekar niku
mboten seneng kaliyan kulo, Sekar niku kepingin golek wong kutha pak, napa maneh
kulo niki amung berandalan desa ingkang ala kelakuane “.
“lha justru ngoten niku, sampean kudu
ngrubah sikap e sampean , supaya sampean bisa ngentok ake mbak sekar mas, wis
to percaya wae kalih sing wis pengalaman.”
“nggeh pak, matur nuwun, kulo wangsul
riyen nggeh pak, badhe siap siap”.
“nggeh mas, ati-ati “.
Banjur
Panji muleh menyang omah lan dhewek e ngomong menyang wong tuane yen dhewek e
ga pingin kuliah ing kutha kayak sekar, bapa ibu ne panji seneng ora karuan
amarga anak semata wayang e iku gelem kuliah.
Ana ing kutha sing adoh saka desa iku
mau, sekar nggolek kos- kosan kanggo dewek e turu, dewek e golek kos-kosan sing
cedek karo panggonane kuliah. Sawetara iku panji uga lagi bingung arep ngekos
ana ngendi, dhewek e mlaku miturut dalan lan dewek e nemu panggonan sing ana
tulisane kost kostan putra. Banjur dhewek e mlebu lan dhewek e nge kost ing
kunu, alhamdulilah ekost-kost ane iku
cedek karo panggonan kuliah.
Dina
kapisan mlebu kuliah, Sekar kebingungan amarga ora ana sing dikenal ing kene, dhewek
e riwa-riwi nggolek I kelas e, banjur dheweke ketemu arek lanang sing ana ing kunu, arek lanang iku mau
sakjane duweni sifat ala, nanging amarga dhewek e weruh yen sekar wi mau saka
kampung dewek e banjur duweni rencana sing ala.
“haloo mbak, ana sing bisa tak bantu mbak, kog sajak e sampeyan iki
kebingungan “.
“ ouwh enggeh mas, niki lo kula mboten
sumerep kelas bahasa niku pundi nggeh mas”.
“ayoo, tak terne mbak, menyang kelas e
sampeyan”.
“ouw nggeh mas, namine panjenengan
sinten nggeh mas, kog panjenengan apik banget kalih kulo”.
“oalah jenengku rendi , wis gak usah
nyeluk mas, kan awakdhewe sak umuran “. Banjur arek loro kui mau nutukak e
omongane sinambi mlaku .
Ana ing adohan Panji weruh sekar lan
arek lanang kui mau, banjur dhewek e nututi ana ing mburine. Lan deweke duwe
firasat yen arek lanang kui mau nduwe niat ala menyang sekar.
Ana ing dalanan sing sepi, ana omah
sing wis ora layak kanggo dipanggoni, nanging sekar lan rendi kui mau malah
mlebu menyang kunu, sekar sing ngrasa yen iki uduk panggonan kuliah e dek e
banjur takok menyang rendi.
“rendi, niki apa dalan menyang kelasku
ta, kok dalanan sepi lan adewe kog malah mlebu menyang omah iki.” Pitakone
sekar marang rendi
“wis to sekar, awakmu tenang wae, ana
aku awakmu bakal aman, wis ayo melu aku mlebu”.
“moh ah, aku wedi, aku wedi yen aku
melu mlebu rono, aku tak balik ae ya.”
Rendi sing ngrti sekar wis iroh banjur
meksa sekar, nanging sekar njerit njerit lan nyuwun tulung.
“tulung , tulung, tulung aku, sapa wae
sing ana ing kunu tulung aku.”
Banjur panji mara lan langsung nonyo
wajah e rendi, dhewek e ngajar entek-entekan nganti bibire rendi metu getih e,
rendi sing ngrasa yen dewek e ora bakal bisa nandingi panji, langsung mlayu
kepontang panting ing dalan.
Sekar sing wis ngrasa yen dewek e
dislametake karo panji , banjur nyuwun ngapura
“ matur nuwun ya panji, awakmu wis
tetap apik karo aku, meskiya aku wis nolak awakmu, aku nyuwun ngapuro yen aku
wis nolak awakmu, padahal awakmu kui sebenere bocah e apik an.” Ujare sekar
“wis to sekar, nyantai wae, aku ora apa
kog, iso nylametne awakmu wae aku wis seneng , masio uripku kanggo gantine, aku
ora apa, yaw is ayo balik ne kampus, mengko telat “.
“ayo nji”.
Sawise ana kedaden iku akhire panji lan
sekar maleh akrab, panji uga sifate berubah amarga sekar iso nyadarake dewek
e. sekar lan panji maleh budhal bareng
yen nang kampus, yen metu mubeng-mubeng uga cah loro, lan akeh wong sing ngira
yen cah loro kui pada pacaran. Nanging kenyataane urung.
Sawise
liburan teko, banjur cah loro kui mau muleh menyang desane , arek loro kui mau
wis kangen marang keluargane dewe-dewe. Ana ing desane kanca-kancane panji
bingung amarga panji wis raket karo sekar, kanca-kancane ngira yen panji iku
wis pacaran karo sekar.
“haiii kanca-kanca apa kabare, aku
kangen rek mbe kowe kowe kabeh.” Omongane panji marang kanca kancane
“apik nji, peh kowe wis iso nggandeng
cewek ayu ing desa iki nji, nganggo pelet apa koe ?.. hahaha “. Guyonane salah
siji kancane
“wiihh ngenyek aku ya kowe iku, aku
atrah iso nyandhing , nanging aku rung iso ngepek boss”.
“looh lha lhapo , urung kok tembak ta,
wah wah ndang ngalio ae awakmu kar, ketimbang digawe dulinan panji, mending
awakmu mbe aku ae “.
Sekar banjur ngguyu cekikian, lan panji
uga ngomong
“aku bakal nembak sekar ana ngarepe
kowe kabeh”.
“sekar, aku wis suwi seneng karo
awakmu, wiwit awakdhewe sma nganti kuliah, aku tetap seneng karo awakmu, apa
awakmu gelem nrima aku dadi pacarmu kar ?.
Sekar kaget uga isin amarga akeh
kanca-kancane panji.
“wis to kar, gak usah kakean mikir,
trimaen ae”. Kanca kancane pada kandha
“aku ora seneng karo awakmu nji, aku
gak seneng ndelok sikapmu nang aku biyen, aku gak ngerti napa kog awakmu ngunu
menyang aku nanging..”
“nanging apa kar, aku janji aku akal
berubah luwih apik maneh, kanggo awakmu kar “
“aku urung mari ngomong nji, nanging
aku seneng karo awakmu nji..”.
Banjur cah loro iku pada rangkulan lan
pada ngrasa yen arek loro iku jodoh..
Akhire cah loro iku balik menyang kutha
kanggo nutukake kuliah e lan cah loro iku saiki wis resmi pacaran…
Ikulah sing jenenge perasaan ora bakal
ngerti kepiye akhire.
KARYA
: SULIS SETYOWATI